Sembahyangan Katur Malaékat Pamomong

Awit panjenengan temtu njagi manawi kula tilem, panjenengan temtu paring lipur manawi kula susah, mbombong saha paring lejar ing manah manawi kula saweg prihatos saha kendhak ing manah. Sedaya bebaya ingkang nyaketi, panjenengan béngkas, déné manawi bebaya wau taksih tebih, panjenengan lajeng ngirid kula medal margi padhang. Panjenengan paring pitedah dhateng tindak kasaénan, saha boten nglilani, manawi kula badhé alampah duraka; manawi kula èstu dhumawah ing dosa margi kirang pangatos-atos kula utawi kasèkèngan kula, panjenengan boten kendhat ngrerimuk kula, supados keduwung ing manah, punapa malih panjenengan lajeng nyuwunaken pangapunten dhateng Pangéran. Menggah panjenengan boten tresna saha nyenyuwunaken dhateng Pangéran murih lejaring panggalih Dalem, kula mbokmanawi sampun klebet ing naraka.
Milanipun dhuh Malaékat pamomong kula, kula ngasih-asih ing panjenengan, mugi sampun ngantos nilar kula; mugi paringa panglipur ing salebeting pakèwed, mandhégani yèn wonten bebaya, saha paringa pitulungan ing salebeting panggodha, supados kula sampun ngantos kénging jireting sétan. Mugi karsaa ngunjukaken sembahyangan, pasambat saha padamelan kula dhateng ingarsa Dalem Gusti Allah, punapa malih mugi sarana sih Dalem Gusti, kula sageda lumebet ing gesang langgeng. Amin.